Minggu, 06 Desember 2009

Jarkoni = ya ngajar ya nglakoni

Anakku lanang sing isih SD entuk tugas saka guru kelase, mula senajan
ngantuk banget aku kepeksa ngancani deweke ngrungokne kutbah. Gragapan
sithik nalika anakku njaluk didikte ringkesan isine kutbah, masiyo gak
nyemak tuntas tetep percaya diri ngajari si thole:
"Wis tulisen ngene ae, ngajak utawa marahi wong liya tumindak apik
bakal
entuk ganjaran pada karo nglakoni dewe".
Thole banjur nulis ing buku tugas sekolahe, dumadakan komentar:
"Berarti.... ganjarane lik Wagimun sopir bis kae luwih gedhe tinimbang
pak
ustad ya?"
Aku kaget, ora mudheng.
"Kok ngono sih leee...? Kowe ora ngerti apa.... mas Wagimun sopir kae
wis
kondang brangasan tur nek nyopir ya ugal-ugalan banget ngana kok!....".
"Lha tapi Pak... nalika pak ustad mau kutbah lan ngajak ndonga, tak
sawang para jamaah pada ngantuk kabeh malah ana sing turu contone bapak
dewe tooo... beda banget nalika aku karo simbok numpak bis sing
disopiri
Lik Wagimun, tanpa dikandhani penumpange padha khusuk ndonga ndremilil
ora
pedhot-pedhot wiwit saka Meguwo nganti tekan Tirtonadi weee..."
"Weleh!!!??