Selasa, 16 Juni 2009

Ora oleh melok

Wong-wong seng podo nglawat mbah dul
"bapakne Gandok" seng sedho mau isuk
podo siap-siap kate ngeterno nang kuburan

Sapari seng sek omor telong taon,
tonggo ngarep omahe Gandok kate melok
ngeterno nang kuburan tapi di penging karo Gandok:
loo yo ojo melok, koen sek cuilik ojo
melok-melok ngeterno nang kuburan
wes.. ndek omah ae dolen koro koncomu kono

Sapari yo mangkel atine,
"terus nagis" aaawaaas yooo
lek bapaku mati sampean ora oleh
ngeterno nang kuburan.

wess.. Goro ae

Gandok karo Sapari pas mancing welut
ndek sawah nemu granat nanas telu,
akire arek loro iku iku sepakat kate nyerahno
nang kantor polisi

pas ndek tengah dalan Gandok takon karo Sapari.
"Ri... yok opo lek dorong tekan
kantor polisi granate mbledos siji"

"tenang ae ndok " jare Sapari "
yo di goroi ae polisine lek awa'e dewe nemu mek loro.